Ngaji Al Hikam Kanggo Wong Awam, Amal Sing Super

Oleh: Ahmad Rofiq

Piye’ Bro, dilanjut ta ngajine’ iki? Awakmu Siap ngikuti terus kan?…, Oke, Kowe tak kandani Bro Yo, Ngaji lan dole’k ilmu iku ora Ono marine’ Bro. Kudu terus dilakoni sampai mati. Soale’ menungso iku kan terdiri Songko jasad lan ruh. Jasad butuh mangan, semono ugo ruh, ugo butuh mangan. Le’k pecel lele’, Sego iwak kutuk, bakso, Sembilang, batagor lan liyo2ne’ iku Kabeh badog-ane’ jasad, Ngaji, dole’k ilmu, Moco Qur’an, wiridan, amal apik lan liyo2ne’ iku minongko badog-ane’ ruh. Asupan kanggo Ruhani ne’ aku lan awakmu, Bro. Paham ta!

Dadi nek Ono wong ngomong, “Aku wis tuwo kok, tak prei wae’, wis gak wayae’ Ngaji lan dole’k ilmu. Aku tak kerjo wae'” Jawaben ngene’ Bro, “Yo wis Cak, sampeyan wis tuwo kok. Sakiki prei wae’ wis Ojo mangan.” Jelas Wong iku gak bakal wani. Ngono iku Lo gak adile’ menungso. Lek soal Ruhani jare’ wis tuwuk, Le’k  soal jasadi gak gelem mari. Hahh…….

Ojo lali Yo Bro, ngajine’ Iki sifate’ SERSAN, gak usah ngoyo lan berlebihan. Sersan iku  (Serius tapi Santai). Setuju kan, Bro…Ngaji santai tapi kitabe’ Jelas Bro, Ojo mamang, Ora usah Ragu. Catet jenenge’ kitabe’ Al-Hikam, dikarang Imam Ibnu Athoillah as-Sakandary, murite’ Imam Abul Abbas Al-Mursy, La Abul Abbas Al-Mursy iku murite’ Syaikh Abu Hasan As-Syadzili. Sing ngedekno thoriqoh Syadziliyah, ngono Bro sanade’…

La tekan aku sanade’ piye’? Ojo mamang Bro, sanadku yo Jelas kok. Tapi kapan2 wae’ nek ketemu aku langsung tak critoni, pas ngopi..opo pas tuku pentol Nog pinggir dalan, tak critoni engko…. Ok Bro??

Ee…masio dewe’K2 Iki ora kuat Melu thoriqoh, sebab wiridane’ suuuwe’, Mbok menowo lewat Ngaji Iki oleh barokahe’ poro-poro iku…Sip to brow?? Wis Yo, rungokno sing serius tak wacakno. Le’k awakmu ngantuk Yo gak Popo, sruputen disik kopi’mu iku.

 

Bismillahirrahmanirrahim

لا عمل ارجى للقلوب من عمل يغيب عنك شهوده ويحتقر عندك وجوده

“Amal sing paling potensi diterimo gusti alloh iku amal sing kowe’ wis lali mergo banget cilike’ lan amal sing ora mbok anggep penting mergo banget  sepele’ne'”

 

Paham ta brow? Opo isih mbulet??

Ngene’ Bro, Intine’ ngene’: amal sing diterimo Pengeran iku amal sing Mbok lakoni kelawan Ikhlas. La indikator ne’k Kowe’ ikhlas iku piye’?? Siji, Kowe’ wis lali amal iku, loro Kowe’ nganggep amal iku sepele’ banget. MISALE’, Kowe’ ngekei’ mangan kucing. Mbok ke-i totok pindang. Bagimu kan sepele’ brow, La Wong totok pindang wae’…tapi Sopo ngerti amal ngekei’ Mangan kucing mau malah sing di Tompo Gusti Alloh…Iso wae’ brow, soale’ Kowe’ Ikhlas tenan.

Tapi lek ngekei’ totok pindang marang kucing wae’ Mbok eling2 terus, nganti ora iso turu, terus Mbok anggep amal sing  spektakuler…..wahh….iku kebacut Bro..brow….uwong kok medite’ nganti koyo ngono to brow…. kwkwk…..Ojo tersinggung Bro Yo, Iki conto kok…. Tapi kadang Kowe’ terlalu kok Bro, mosok kucing nyolong totok pindang wae’ mbok gawakno gepuk…hemm, ngona ngono Yo kawulane’ Gusti Alloh Lo Bro….

Tapi iki tenan kok Bro, ridlone’ Gusti Alloh kadang diselipno nog amal-amal sing Mbok anggep sepele’. Intine’ ayo Podo belajar ikhlas Bro, nek gak iso yo kudu dilatih, ne’k Gak iso yo tetep kudu dipekso Bro..rugi Bro ne’k wis amal terus ora Ikhlas iku…rugi pollll..

Wis paham ta brow?? Alhamdulillah, wis dang sruput sik kopine’ !

Ne’k wis paham, terus pingin MBOK share share ngaji Iki Yo Rapopo, Ora Mbok share langsung mbok hapus aku Yo Rapopo….. Mosok nge-share wae’ ORA ikhlas..cah…cahh…. kwkwk..

Mugo2 barokah lan manfaat yo brow…daaaa…….!!

Seng nulis artikel iki isok dicelok Kyai Virtual seng tinggal ng Kuto Gresik

Rekomendasi Berita

Advertisement

Gresik Gres