Ngaji Al Hikam Kanggo wong Awam, Nyongko Apik Mareng Pengeran

Oleh: Ahmad Rofiq

Ketemu maneh Bro, Ayo dilanjut ngajine. Temae’ Ngaji kitab Al Hikam Iki, husnudzon utowo positive thinking marang Gusti Allah SWT. Tapi sak durunge mulai Bro, Kowe kudu fokus. Ojo TOLAH TOLEH wae, koyo wong sing macet angsurane nog koperasi, tolah toleh Wedi diparani tukang tagih utang…ha..ha…ha

Dadi Kowe fokus, hormatilah ilmu sing mbok pelajari Bro. Soale Kowe lek sopan lan hormat Karo siji ilmu, mongko ilmu iku Yo bakal gampang Melu Kowe. Tapi sewalike, lek Kowe gak gelem ngaje’ni utowo hormat marang siji ilmu, mongko ilmu iku Yo ora bakal gelem Melu Kowe. Wong ilmu iku ugo makhluk e’ Gusti Allah.

Wis Bro, tak wacakno Kalam hikmah Iki, rungokno tenanan Yo

Bismillahirrahmanirrahim

 

إِنْلَمْتُحْسِنْظَنَّكَبِهِلِأَجْلِحُسْنَوَصْفِهِ  فَحَسِّنْظَنَّكَبِهِلِوُجُودِمُعَامَلَتِهِمَعَكَ.  فَهَلْعَوَّدَكَإِلَّاحَسَنًا؟وَهَلْأَسْدَىإِلَيْكَإِلَّامِنَنًا؟

“YEN KOWE ORA ISO HUSNUDZON  MARANG GUSTI ALLAH KELAWAN MAHAMI APIKE’ SIFATE’ ALLAH, MONGKO HUSNUDDZONO MARANG GUSTI ALLAH KELAWAN ANGEN2 HUBUNGANE’ ALLOH MARANG KOWE. KAN SELAMA IKI HUBUNGANE’ ALLOH MARANG KOWE SELALU APIK LAN SELALU  NGEKE’I?”

 

Dadi Kalam hikmah Iki ngajari aku lan awakmu Bro, be’n iso HUSNUDZON utowo positive thinking marang Gusti Allah. Ojo geman atimu Ono krentek nyongko sing gak gak marang Gusti Allah, Bro. Iku ngono duso gede’.

La wong nyongko ele’k marang podo2 menungso wae’ duso Lo Bro, Opo maneh nyongko ele’k marang Gusti Allah? Jelas malah gede’ dusone cahh…..

Ancen ideale’ Bro, be’n iso selalu berprasangka baik marang Gusti Allah iku Kowe kudu paham sifat-sifat e Gusti Allah SWT. Misale’, Gusti Allah iku duwe sifat GHOFUR, artine’ “Sing akeh pengepurane”. Dadi lek Kowe misale’ sakiki ngelakoni duso terus Kowe tobat, iku bakal disepuro dening Gusti Allah. Mari ngono sesuk mbok baleni maneh, terus jaluk sepuro maneh, insyaallah tetep disepuro dening Gusti Allah. La iku artine Ghofur, bedo Karo lafadz GHOFIR.

Iku hebat e’ Gusti Allah SWT Bro, Kowe masio salah bolak-balik, asal gelem tobat lan jaluk sepuro Yo tetep wae’ disepuro. Bedo Karo menungso, sak apik2e menungso biasae’ lek disalahi ping telu wae’ wis kapok. Misale’ atasanmu, mbok salahi ping telu wae’ jelas wis muntab, iso2 Kowe langsung dipecat. Kadang langsung ngomong ngene’, “Sudah tiga kali kamu melanggar aturan dan menyakiti hatiku, sekarang tidak ada ampun bagimu. Pergiiiiiiiii….!!!”

Iku Le’k menungso Bro, tapi Le’k Gusti Allah SWT ora koyo ngono. Dia punya sifat GHOFUR (uaakeh ngepurone).

Conto maneh, misale’ bojomu mbok tipu, ping pisan utowo Pindo kadang isih gelem nyepuro Kowe. Tapi lek mbok tipu ping telu munggah jurr konangan, bojomu iso2 wajahe dadi Abang branang, alise munggah koyo alise’ Mak Lampir karo jerit, “Sudah habis kesabaranku, sekarang pulangkan aku ke rumah orang tuakuuuu….”

Tapi Iki mung conto Bro, gak usah mbok lebokno ati..hi…hi…hi

Intine’, Gusti Allah SWT iku bedo karo menungso, masio menungso paling apik lan paling sabar sak dunyo, tetep isih kalah apikan karo Pengeran.

Dadi carane be’n iso HUSNUDZON MARANG GUSTI ALLAH, Kowe kudu mahami sifat-sifat e Gusti Allah sing moho sempurno iku. Ora sekedar apal Lo Bro, tapi ugo paham.

La Le’k aku gak iso mahami sifat-sifat e Gusti Allah SWT, piye’ Cak???

Nahh, lek Kowe gak iso ngono, Yo ngene’wae’. Coba angen2 jasa-jasa e Gusti Allah marang awakmu, cobak angen2 model hubungane’ Gusti Allah marang awakmu. Kan Kowe terus-terusan dikei sembarang kalir Karo Gusti Allah kan Bro??

Dadi misale’ Kowe ngadepi masalah utowo problem Urip, Ojo langsung nyimpulno misale’ “AKU KOK DIKEI NASIB KOYO NGENE’ YO, KOK GUSTI ALLAH IKI GAK SAYANG AKU TA?”

Laa, Yen atimu ngono iku, Bro, Kowe wis mulai mendekati “suudzon” marang Pengeran. Padahal cubo pikiren ta Bro, hubungane’ Pengeran Karo awakmu selama Iki, hubungan selalu nge’ke’i marang Kowe. Cubo pikiren????

Kowe tuku tabung oksigen nog rumah sakit kan Yo larang, padahal yah mono yah mene’ Pengeran nge’ke’i awakmu oksigen, gratis tis…tis. terus awakmu misale’ ngontrak tanah nog Wong liyo wis pirang milyar selama 30 tahun, padahal selama Iki awakmu disilihi bumi ne’ Pengeran gak Atik mbayar, pikiren ngono iku Bro…!! La mikir ngono iku Bro, iso dadekno kito husnudzon marang Gusti Allah.

Jelas Yo!!!

Mulai saiki Bro, Ojo geman suudzon marang Gusti Allah, Ojo biasa nyongko sing gak genah marang Pengeran. Pokoknya selalu berprasangka baik marang Gusti Allah SWT. Opo maneh nog hadits qudsi Pengeran dawuh “AKU INI TERGANTUNG PERSANGKAAN HAMBA-KU TERHADAPKU…”

Wis Bro Yo, sakiki Ayo dilanjut aktivitas e dewe-dewe. Sing arep lungo Yo dang lungo, sing arep makaryo Yo dang budall. See you again Bro Yo..!

 

Seng nulis artikel iki isok dicelok Kyai Virtual seng tinggal ng Kuto Gresik

Rekomendasi Berita

Advertisement

Gresik Gres