Ngaji AL Hikam Kanggo Wong Awam, Sambat Lan Ngersulo Iku Kriminal

Oleh: Ahmad Rofiq

Bro!! Kowe’ ne’k tangi turu utowo arep mapan turu iku biasane’ laopo?? Maksudku, atimu iku Lo Bro, suasanane’ piye’. Opo susah, sambat lan ngersulo, terus kukur-kukur nDas Mikir utang Karo sambat “NASIB..NASIB.!!!.”. Opo ngono??

Ne’k ancen Ngono Bro, mari Ngaji Iki marenono Yo, Soale’ Ngono iku coro Al Hikam “kriminal”. Duso gede’ Bro.

Urip iku Bro, sing penting happy, seneng guyon, ceria, ORA besengut wae’ wajahe’ koyok kloso lungset mari digawe’ turu kucing…. kwkwk….tenan Iki Bro, sing penting atimu seneng wis. Ne’k senenge’ atimu pas ngopi lan rokoan..Yo lakoni wae’ Bro, ne’k senenge’ atimu pas mangan enak’ Nog Warung, Yo gak Popo, lakoni iku Bro, pokok atimu iso seneng, atimu ridlo nerimo takdire’ Pengeran. Puloh kebiasaanmu wiridan tapi ngersulo terus, luwih apik mongan-mangan Karo guya-guyu bekakaan Bro. Pokok atimu seneng.

Wong mukmin iku Bro, ditakdir dadi opo wae’, ditakdir Gusti Alloh nyambut gawe’ opo wae’, mbuh nguli kek, dodol pentol ke’k, golek beling kek, dadi tukang batu ke’k, tukang ngedug kuburan ke’k, angon wedus ke’k, dodol plembungan ke’k, dodolan kali lima ke’k….wis opo wae’ lah, kudu diterimo kanthi ridlo, kanthi ikhlas. Ora Oleh sering sambat, ora Oleh susah, ora entuk ngersulo soal nasib Karo kukur-kukur ambe’k gremeng … “Oalahhh..nasib..nasib!!!”

Sakiki Ayo diterusno ngajine’ BRO, Kitab Al Hikam Hikmah  no 28

Bismillahirrahmanirrahim

 

لَاتَطْلُبْمِنْهُأَنْيُخْرِجَكَمِنْحَالَةٍ  لِيَسْتَعْمِلَكَفِيْمَاسِوَاهَا,فَلَوْأَرَادَكَلَاسْتَعْمَلَكَمِنْغَيرِإِخْرَاجٍ.

“OJO GEMAN JALUK PENGERAN  MINDAHNO AWAKMU SONGKO SIJI KEADAAN MARANG KEADAAN KANG LIYO, SEBAB UMPOMO PENGERAN NGERASAKNO, PENGERAN BAKAL NURUTI PENJALUKANMU TANPO MINDAH POSISIMU”

 

Ngene’ BRO:

Ojo geman  nggetuni keadaanmu sakiki, penggaweanmu sakiki, terus Kowe’ jaluk marang Gusti Alloh ben Kowe’ dipapakno nog kondisi utowo keadaan liyo. Gampangane’ Bro, Ojo geman marahi utowo ngatur-ngatur Pengeran. Misale’ Bro, Kowe’ ditekdir nyambut gawe’ dadi wong tukang golek kroto. Ngerti kroto to? Iku Lo semut Abang Kanggo pakan manuk. Biasa’e Mlaku Karo gowo ge’te’k duooowoo. Terus Kowe’ gremeng Karo sambat, “GUSTI… GUSTI, CE’K ABOTE’ DOLE’K PANGAN KANGGO ANAK BOJO, MBOK KULO IKI JENENGAN PINDAH DADI OPO TA OPO NGOTEN LO, URIP KOK SORO NGENE’ GUSTI.. GUSTI..

Laaa…, Ngono iku Bro, coro kitab Al Hikam Iki ora entuk. Jaluk tur ngajari Gusti Alloh, koyo2 Gusti Alloh ora paham Karo keadaanmu Bro. Ojo2 engko dungomu dituruti tenan Karo Pengeran Kowe’ malah Ora siap.

Biyen Ono wong Ngono iku Bro. Wong soleh ditakdir Gusti Alloh dadi kuli angkut Nog Pasar. Dadi JOB DESCRIPTION-ne’ Wong iku Yo ngono iku Bro. Ngangkat beras, ngangkut kangkung, nengguluk klopo, nyunggi tepung, nyangkingno Iwak pindang, ngunggahno wedus nog bak mobil. Terus dekne’ oleh upah Songko sing digawakno mau. Sing blonjo.

Terus wong iku sambat lan dungo, “YA ALLOH!! CE’K SORONE’ URIPKU. GOLEK MANGAN SEDINO RONG PIRING WAE’ KOK KUDU ANGKAT-ANGKAT NOG PASAR. GUSTI, POKOK KULO JENENGAN CUKUPI SEDINO ISO MANGAN RONG PIRING, KULO AREP NGIBADAH TENANAN MARANG PANJENENGAN. ORA PERLU ATE’K ANGKAT-ANGKAT BARANG…”

Siji Dino, Ujug2 wong iku Bro dituduh nyopet. Terus dicekel wong akeh, diserahno polisi terus di lebokno penjara. Pirang2 ulan nog penjara Bro, koyok penjaluke’, bendino oleh jatah mangan rong piring, gratis Bro…wong nog penjara. Terus dekne’ Mikir, opoo kok Sampek Mlebu penjara. Wong dek e’ Yo wong apik, Yo ora nyopet. Terus sadar dungo lan ngersuloe’ biyen pas dadi kuli panggul nog pasar. Akhire’ tobat Bro, istighfar. Terus gak suwe’ ditokno ko penjara.

Wis, Bro Yo, Intine’ ridlo Maring takdire’ Alloh iku modal pokok amal apik, ati Seneng (kelawan barang halal) iku ibadah paling top….pokoke’ ne’k atimu seneng Bro, setan sing Gudo Kowe’ nangis gero-gero, mewek Karo gloso.. gloso.. turu pasar bantalan gubis. Tenan Iki Bro, sanade’ jelas..

Mugo2 Barokah lan manfaat Bro Yo, wis dang Budall aktivitas, Daaaa!!!

Penulis bia dipanggil sebagai Kiai Virtual yang aktif menulis di media sosial

Rekomendasi Berita

Advertisement

Gresik Gres