Ngaji Al-Hikam Kanggo Wong Awam

Oleh: Ahmad Rofiq

OJO RUMONGSO ISO TAPI ISOO RUMONGSO

Kang, Yu, Cak, Neng, Dik, wis kabeh wae’ sing moco tulisan iki, piye’ kabarmu dino iki, apik kabeh ta? Alhamdulillah, waras Kabeh to. Ojo lali Lo yo, selalu gawe’ masker, Opo maneh nek awakmu lagi nog kerumunan. Kumpul konco utowo kolegamu. Sak liyane jogo kesehatan, nganggo masker iku ugo iso melindungi wong-wong sekitarmu songko abab-mu lo bro. Opo maneh lek awakmu mari mangan Pete’ utowo gorengan iwak pindang Juwi kwak…kwk kkkkk. (Guyon, Bro. Gak usah lebokno ati)

Tema ngaji iki, ayo ngupas tentang tentang nasihat jowo sing mesti e kowe wis sering krungu, yoiku. “Dadi wong iku ojo rumongso iso, tapi isoo rumongso” Kowe sering krungu kan, Bro??? Nah, bekne’ durung paham maksud e, sakiki ayo dibahas bareng-bareng nog forum iki. Forum ngaji al hikam kanggo wong awam. Tapi le’k awakmu dudu wong awam, Bro, yo ora usah diwoco tulisan Iki, langsung gosok wae’……heee…..

Jane’ aku maju mundur lo Bro, arep nerusno ngaji iki. Rumongso aku durung layak lan durung godak mahami kitab sakral koyo Al-Hikam. Tapi piye’ maneh, ono wae’ sing japri me’h me’h bendino, jaluk ngaji iki dilanjut no. Akhire Yo wis lahh, bismillah, tak wanek2no ngaji Iki. Tak niati nuruti jalukane’ dulur2 sing japri mau…..

Iki tak wocoe kalam hikmah e, rungokno tenan lo yo, ojo mbok tinggal pringisan. Sing serius, soale kalam hikmah sing arep kito bahas iki rodok sensitif. Kowe Nek salah paham iso gaswat…eh, gawat. Iso-iso neroko Kowe’…

Bismillahirrahmanirrahim
Kalam Hikmah: 143

أَنْتَ إِلَى حِلْمِهِ إِذَا أَطَعْتَهُ أَحْوَجُ مِنْكَ إِلَى حِلْمِهِ إِذَا عَصَيْتَهُ

“Kowe’ sak marine’ ngelakoni taat luwih butuh marang pangapurane’ Gusti Allah tinimbang kowe sak marine’ ngelakoni maksiyat”

Looo, kok iso?? (Mesti ngono komenmu)

Mahami kalam hikmah iki ancen rodok berat Bro, mangkane kowe kudu fokus, ojo tolah toleh wae. wocoen lan pahami nganggo ati, ojo nganggo nafsu!!

Ngene’ Bro. Wong lek mari ngelakoni kesalahan, biasane’ atine’ ngeroso bersalah, ngeroso ino, ngeroso duso. La perasaan ngono iku apik. Sebab menungso iku ancen kudu ngeroso ino nog ngarep e Gusti Allah. Terus Wong le’k mari ngelakoni taat, kadang jur ngeroso hebat, ngeroso luwih apik timbang wong liyo. Laa perasaan ngene’ Iki ora apik. Wong Le’k mari ngelakoni taat terus atine’ ngeroso luwih apik timbang wong liyo, atine’ ngeroso dekne’ wong hebat mergo iso ngelakoni taat, ngene’ iki jenenge’ ujub. Rumongso iso.

Berarti luwih apik maksiat lak Cak???

Iki kesimpulan e wong sing koplak. Kok luwih apik maksiat, ati-ati Bro, mahami Kalam Hikmah Iki. Kowe lek gak waspada, iso2 jukuk kesimpulan keliru. Misale’, kowe jur ngomong ngene’ “Berarti aku tak sering2 ngelakoni maksiat, ben atiku ngeroso duso lan ino. Daripada aku ngelakoni taat, engko dang malah atiku dadi sombong lan ujub”

Iku kesimpulan nafsumu, Bro. Keyakinanmu bener, tapi dibajak nafsumu.
Aku kok tambah bingung Cak, la terus piye’? Tetep lakoni taat sak akeh2 e Bro. La engko lek awakmu mari ngelakoni taat, atimu kudu ngeroso seneng lan bangga. Tapi dudu bangga mergo kowe wis berhasil ngelakoni taat, tapi bangga mergo Gusti Allah wis nakdirno awakmu iso ngelakoni taat. Bedo lo Bro, antara mbanggakno ibadah lan amalmu karo mbanggakno Gusti Allah SWT sing wis nakdirno awakmu ngelakoni taat.
La iki sing dimaksud Kalam Hikmah

لَاتُفْرِحْكَ الطُّاعَةُلِأَ نَّهَابَرَزَتْ مِنْكَ , وَافْرَحْ بِهَا لِأَ نَّهَا بَرَزَ تْ مِنَ اللهِ إِلَيْكَ (قُلْ بِفَضْلِ اللهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذَلِكَ فَلْيَفْرَ حُوا هُوَ خَيْرٌ مِمَّا يَجْمَعُونَ)

“Kowe ojo seneng lan bangga mergo iso ngelakoni taat, tapi seneng lan banggao marang Gusti Allah sing banget apikane’ sehinggo nakdirno awakmu iso ngelakoni taat”

Le’k awakmu bangga mergo iso ngelakoni taat, iku jenenge ujub. Tapi lek awakmu bangga marang Gusti Allah sing wis nakdirno awakmu ngelakoni taat, iku jenenge syukur. Dadi awakmu sadar yen kabeh mau mergo dikersaake Pengeran. Dadi kowe ora rumongso iso, tapi iso rumongso.

Kowe termasuk wong sing ikhlas, lek iso ngeyakini yen amal apik sing mbok lakoni iku mung titipan. Hakikat e sing dadekno amal apik iku yo Gusti Allah SWT. Berhubung Gusti Allah iku banget apikane’, kowe didadekno wong sing layak dititipi amal apik iku. Paham ta Bro?

Wis Bro yo, sesuk dilanjut. Iki aku ono keperluan penting banget. Sesuk insyaallah disambung maneh ngaji Iki. O yo Bro, ngaji Iki kan gak urat, lek awakmu pingin urut yo urutno dewe Yo!!! Wis gede’ ngono mosok gak iso cahhhh….

Seng nulis artikel iki isok dicelok Kyai Virtual seng tinggal ng Kuto Gresik

Rekomendasi Berita

Advertisement

Gresik Gres